My Love

Thursday, December 25, 2008

Cerita Bahasa Jawa

PAPRENTAHANIPUN NEGARA ASTINA

Kala semanten ingkang jumaneng nata ing Astina inggih menika Prabu Pandhudewanata. Panjenenganipun kagungan garwa kalih, inggih menika : Dewi Kanthi Nalibrata Ian Dewi Madrim. Dewi Kanthi peputra tiga : Puntadewa, Wrekudara an Arjuna. Dene Dewi Madrin peputra kalih inggih menika : Nakula Ian Sadewa. Nakula Ian Sadewa menika lare kembar. Putranipun Prabu Pandhu ingkang gangsal menika katelah Pandawa.

Rikala Pandhawa taksih timur. Prabu Pandhu seda. Dewi Madrin ndherek bela pejah. Dados Pandhawa dipun gulawenthah dening Dewi Kanthi.

Sasedanipun Prabu Pandhu, kraton Astina dipun titipaken dhateng ingkang raka Destarastra. Panjenenganipun wuta ( tuna netra ), pamila praja dipun pasrahaken dhateng putranipun pambajeng, Raden Duryudana ugi sinebat' Suyudana utawi Kurupati. Ingkang ngembani nglarnpahaken praja inggih menika Patih Harya Sengkuni, taksih keprenah pamanipun Raden Duryudana. Putranipun Duryudana menika cacahipun satus kawastanan Sata Kurawa.

Sesampunipun Pandhawa semi diwasa, kepengin nyuwun wangsul negari Astina ingkang dados warisanipun Prabu Pandhudewanata. Nanging Astina dipun kekahi dening Sata Kurawa ingkang sampun kelajeng sekeca, boten lajeng dipun wangsulaken. Malah Kurawa menika kepengin nyirnakaken Pandhawa. Rahayunipun Pandhawa taksih pinayungan dening Dewa. Kurawa boten nate kasembatan anggeninipun ngaroh pejahipun para Pandhawa.

Ing wasana negari Astina dipun suwun sarana peksan, inggih menika kanthi perang . Perang ageng antawisipun Pandhawa Ian Kurawa menika katelah perang Bharatayuda Jayabinangun ingkang kedadosan ing Tegal Kura Setra. Wontenipun paprangan menika saged kangge mbuktikaken pundi ingkang leres Ian pundi ingkang lepat. Bebasan Sapa salah seleh utawi becik ketitik ala ketara.

No comments: