My Love

Thursday, December 25, 2008

Dialog Boso Jawa

Adegan I

Pak Guru : Assalamualikum wr.wb

Para siswa : “walaikum salam wr.wb

Pak Guru : “Para siswa sadurunge wulangan kita wiwiti, ayo padha ndonga dhisik…cukup. Para siswa dina iki Pak Guru arep menehi wulangan tembang macapat. Tembang macapat iku cacahe ana sewelas, coba tulisane apa wae arane!”

Adegan II

Agus : “Assalamualikum wr.wb”

Pak Guru : “Walaikum salam wr.wb”

Agus : “Nyuwun pangapunten pak, kula telad.”

Pak guru : “Iya, kena apa kowe telad Gus”

Agus : “Anu pak, enggen kula tangi kesiangan.”

Pak Guru : “Jam piro tangimu?”

Agus : “Jam setengah pitu pak!”

Pak Guru : “Jam setengah pitu lagi tangi, lha turumu mau bengi jam piro?”

Agus : “Jam kalih welas kirang langkung, pak.”

Adegan III

Pak Guru : “Coba ceritakna kepriye, larah-larahe kowe nganti bias telad iki”

Agus : “Nganten pak, kula wau dalu ningali TV.”

Ngantos jam kalih welas pak, amargi sae filmipun lajeng kula filem, ngertos-ngertos sampun jam setengah pitu pak, mboten wonten ingkang nggugah kula. Bapak-ibu kula mboten nggalba menawi kula dereng tangi.”

Pak Guru : “Kepriye Gus…lha kowe iki mbok ya sing dhisiplin sithik, ngerti sesuk mlebu sekolah kok malah sekolah kok malah nonton TV nganti jam rolas, ya jelas karipan kowe.”

Agus : “Inggih pak, nyuwun pangapunten menapa angsal nderek wulangan pak.”

Pak Guru : “Oleh, nanging kowe kudu nganggo aturan yaiku kowe kudu njaluk surat keterangan terlambat karo Pak Guru BP utawa Pak Slamet, lan luwih wigati kowe kudu bias ngedum waktu, kapan sinau, kapan shalat, kapan kowe nonton TV, lan liya-liyane, yen perlu kowe gawe jadwal, ben ora lali.”

Agus : “Inggih pak, badhe kulae tokaken.”

Pak Guru : “lan anu gus, yen kowe telad sepisan maneh, kowe ora oleh mlebu kelas wis kana menyang kantor dhisik njaluk surat.”

Agus : “Inggih Pak”.

No comments: