My Love

Thursday, December 25, 2008

Cerita jawa

Gaweo Rangkuman seni tradisional ing Indonesia

Langendriyan Mandraswara

Kesenian Klangnan Sengkeran Pura Mangkunagaran

Langendriyan Mandraswara sawijining kesenian kang tata gelare memper wong utawi ketoprak. Bedane, wacanane para parogone nggunakake tembang. Crita utawa lakone njupuk saka sejarah, mligi sakiwatengene sejarah Majalah ing jaman pemarentahane Sri Kenya Subasiti Brakusuma kang asring sinebut Ratu Ayu. Panen dudu crita sejarah murni, malah kepara nyimpang, awit kapethik pakem wasana (wayang Kelithik). Saka Pakem Wasana iki sabanjure kapilah dadi 4 babak, yaitu Damarwulan Garit, Patine Ranggalawe saka Tuban. Menakjingga Lena lan Dhaupe Ratu Ayu Klawan Damarwulan.

Manut makalah seratane RMT Tarwo Sumo Sutargio (Pimpinan Langenpraja Mangkunagaran), kang disiapake kanggo sawijining seminar perbandingan langendriyan gaya Mangkunagaran lan Yogyakarta, langendriyan mandeswara lair lan gedhe ing pura mangkurogaran. Ora ana grup langendriyan manderasworo liya kajaba sing ana Mangkunagaran. Uga, maine langendriyan mandra-swara bung winates ing pandhapa pura Mangkunagaran. Mula ora mokal yen kesenian iki sinebut sengkeran Pura Mangkunagaran.

Ing pertengahan abad kaping 19, ing sala ana sawijining Tuwan Indo Jerman aran Tuwan Gadlieh kang dadi juragan batik. Para buruh bathike bocah-bocah prawan kang adhakane anggone mbathik sinambi nembang, kasengsem klawan tembange para buruh mau, Tuan Gadlieb kepengin nyalurake swara-swara mau menyang sawijining kesenian. Terus dheweke nemoni RMA, Tondhokusumo, salah sijine putra mantu Sri Mangkunagaran IV, kang pencen mumpuni ing babagan gending lan tari.

Laku gelare kaya sen jroning radio tonil. Para pelakune lungguh mangun bunderan padha ngadhep teks lan sing kebagian dialog lagi maju ing tengah seperlu nembang lan sawise rampung bali mundur. Tembang-tembange iku mau diiringi tetabuhan gamelan kang gending-gedhinge dijumbuhake klawan swasanane.

Lagi ing jamane MN V dianakake pementasan langendriyan nggangu gelar tari kang dimainake dening paraga cacah telu kanthi peran tokoh Damarwulan. Menakjingga lan Dayun. Pemain uga wis menganggo sandhangan kaya sen wayang wong utawa kethoprak kang dirancang piyambak dening Gusti MN V Langendriyan teru, mangkono sebutan jumbuh karo cacah pemain. Nganti tekan kono lakone winates marang babak katelu, yaiku Menakjingga Lena

Ngancik taun 1920-an, Sri MN VII ngersakake mencere langendriya mandraswara kanthi nambah pemain dadi cacah pitu kang uga katelah langen driyan Pitu. Tumbahan pemain papat mau, yaikut sabdapalon, Noyogenggong, Wahito, lan Puyengkan.

Panten keseian Langendriyan iki mujudake kesenian kang angel diresapi awit cakepan tetembange uga mighunakake basa Jowo kang memet mula pihak mangkunagaran wektu sumana ora nedya mbiwarakoke langendriyan menyang njaban pura. Langendriyan mandraswara bisa diarani kesenian kangenan awit ya bung winates marang wong kang nduweni seni Jawa kang dhuwur kang bisa ngresepi.

Langendriyan mandraswara Mangkunagaran panen wis surut sumangke. Lawas banget ora una kabare. Pemain embuh isih ana apa ora, Ndhapuk Langendriyan luwih angel ketimbang ndhapuk kethoprak lan wayang wong, awit pemaine kudu mumpuni marang panduan tari lan seni swara.

(Poerwanto Rs). (Dijupuk saking Penjebar Semangat kaca 27 lan 44 Edisi Panjebar Semangat -36/2005)

No comments: